Pak Prawiro ngadeg ing ngarep kelas, nulis rumus matematika ing papan tulis. Swara kang tegas nerangake langkah-langkah marang para siswa kang lungguh karo macem-macem ekspresi – ana kang mbayar kawigaten, ana kang malah ngewan. Minangka guru kehormatan, Pak Prawiro seneng marang tugase, nanging gaji kang ditampa ora cukup kanggo nyukupi kebutuhan kulawargane.
Saben wulan, Pak Prawiro kudu muter otak supaya gajine cukup kanggo mbayar sekolah putrane, durung maneh kanggo tagihan listrik, kontrakan, lan kebutuhan saben dinane. Garwane, Ibu Sari, ora gelem keri ngenthengake ekonomi. Dheweke dodolan jajanan, muter turut gang-gang cilik, nyangking tas kranjang isi piya-piya goreng, tempe goreng, gedhang goreng, sega bungkus, bothok, lan jangan sing wis dibungkus plastik. Kanthi ikhlas lan semangat, dheweke nyambut gawe, nanging isih kerep kekurangan.
“Sabar yo, Bune,” ngendikane Pak Prawiro marang garwane sawise sholat maghrib.
“Aku ikhlas, Pak, kabeh iki kanggo anak,” wangsulane Ibu Sari lirih, kebak esem.
“Wis, Pak, monggo dahar. Wis tak siyapke.”
Wing loro, padha lungguh ing meja mangan.
Sawijining dina, nalika mulih saka sekolah, Pak Prawiro weruh pengumuman lowongan kerja ing taman hiburan.
“Dibutuhake badut kanggo nglipur bocah-bocah. Gaji saben dina. Bisa dadi samben.”Pak Prawiro meneng. Dheweke ora nate mbayangake awake dadi badut. Nanging, nalika ndeleng tumpukan tagihan ing omah, dheweke nggawe keputusan. “Bismillah, ora ana salahé yen dicoba,” batine ngendika.
Bengi iku, nalika Ibu Sari wis turu, kanthi sesideman dheweke nyoba ing ngarepe pangilon. Dheweke sinau nyelehake irung abang, narik esem gedhe ing rai, lan praktek swara sing nyenengake. Wiwitane janggal, nanging dheweke terus nyoba.
Esuke, sawise mulang ing sekolah, Pak Prawiro langsung ganti sandhangan ing kamar mandi taman hiburan. Kanthi kostum warna-warni, pasuryan dicet putih, lan nganggo wig kriting, dheweke metu minangka “Sastro Badut.”
Ing ngarepe bocah-bocah, dheweke mlumpat, ngguyon, lan nggawe balon wujud kewan. Wiwitane dheweke isin, nanging nalika ndeleng ngguyu bocah-bocah, atine dadi bungah.
Pak Prawiro mulang ing wayah esuk lan dadi badut ing wayah sore. Sakwise sawetara wektu, dheweke wiwit seneng marang donya peran, sanajan kerep kesel. Ing batine mung siji: bisa nyukupi sekolah anak siji-sijine, Diah. Dheweke ngarep-arep yen adus kringete iki bakal dadi donga perjuangan, lan penggawean dadi badut iki bakal disimpen rapet, minangka rahasia pribadi. Para siswa ora kena ngerti.
Nganti sawijining dina, nalika dheweke nglipur ing acara ulang tahun, dheweke ndeleng salah siji siswane ana ing antarane wong akeh. “Muga-muga siswaku ora ngerti sapa sejatine badut iki,” dongane sajroning batin.
“Pak Prawiro?” Swara cilik keprungu. Sanajan alon, nanging ing kupinge Pak Prawiro swara kuwi kaya bledeg kang ngampar.
Pak Prawiro kaget lan bingung apa sing kudu dilakoni. Banjur, kanthi refleks, dheweke mesem lan tumungkul ing ngarepe Andini, siswane.
“Shhh… Iki rahasia kita, nggih?” ujare alon.
“Oke, Pak! Eh, maksudku, Badut Sastro,” ujare Andini karo ngecungke jempol loro. (Sastro Pemot)