Wolak-Walike Jaman

Wis wis telung dina, Prasaja bali neng desane, ngancani si mboke. Papan sing biyen dilakoni bebarengan karo si mboke, nyimpen sewu crita, kabeh mau dadi prasasti sing ora bakal dilalekke.

“Merga jenengan mbok, aku bisa nggayuh sarjana,” grenenge alon, karo saben-saben ngaturake panuwun marang Gusti kang murbeng dumadi.

Sore kuwi, kaya adat saben, bakda maghrib, Prasaja lan mbok Simpen sapenjagong neng meja makan, karo omong-omongan gayeng.

“Rencanamu, mengarepe piye le?” pitakone si mboke marang Prasaja.

“Inggih, pados pendamelan, mbok,” karo unjang ambegan landhung Prasaja matur, yen sesuk kuwi arep ngurus surat-surat kelengkapan mergawe neng kutha.

Mbok Simpen mung manthuk-manthuk, durung temeka pitakone sabanjure wis krungu uluk salam saka njaba, “Assalamualaikum.”

“Wa’alaikum salam,” jawabe bebarengan.

Jebule Anik, dulur misanan tumrah Prasaja lan ponakan kanggone mbok Simpen, merga Anik kuwi putra-putrine adhine mbok Simpen kang paring asma mbok Primpen. Yen kera prasa pernahe mbakyu misanan. Pungkasane swasana dadi regeng, ora krasa wis meh jam 10.00.

“Wis wengi, aku tak istirahat,” kandhane mbok Simpen.

Semana uga Anik, uga krasa kesel, angkahe arep bali ning ngelingi kang mase, Prasaja arep ana urusan neng kutha, ben ora wira-wiri. Anik nginep neng omahe budhe, sesuk budhal bareng karo Prasaja.

“Sesuk motore gawanen mas, aku terna mulih.”

“Yo, suwun dhik.”

“Rencana nglamar neng ngendi to mas?” pitakone Anik, neges.

“Durung duwe gambaran,” jawabe Prasaja.

Wulane wis gumanti. Semana uga, tahun wis meh mlaku telung tahun. Mbok Simpen durung ngerti kabare Prasaja, merga Anik kerep nyambangi, mula ra pati krasa sepine uripe. Wewayangan Prasaja kumlebat, kaya-kaya ngawe-awe. Rasane kangen notol ati, ora isa diempet.

Kebenaran dina kuwi, Anik prei anggone kuliah, nunggu hasile Ujian Akhir Semester. Dikancane ibune dolan bebarengan dolan neng omahe nak dulure, mbok Simpen.

Kaya biasane, angger sedulur wis padha ngumpul, mesthi akeh critane. Rame banget.

“Dhuk, aku pingin takon,” swarane mbok Simpen, alon ngemu teges, surasane nggawa prabawa beda.

“Inggih, Budhe,” jawabe Anik.

“Kabare mas mu pie, wis meh telung tahun ra ana kabar?” gudarasane mbok Simpen.

“Kula dipun kabari kancane sehat, lan Insya Allah, badhe tuwi jenengan,” ujare Anik.

Plong rasane, ati krasa lega, keprungu Prasaja arep bali. Swasana bali regeng maneh. Anik ketok ibut neng pawon, masak.

Durung kelar anggone masak, wong loro, ibune lan mbok dhe pating jlerit, ngertake pawongan sing lagi teka. Wong loro semune rada ra percaya, wong sing uluk salam mau Prasaja. Endi wong langsung percaya, sing neng ngarep kuwi Prasaja, praupane, swarane padha ning blegere awake beda, athik nganggo sragam tentara.

“Ya Allah, le…” swarane mbok Simpen dibarengi mbok Primpen. Wong loro dheprok, rasane lemes, saking bungahe yupatani kedaden iki, antarane percaya lan ora percaya. Anik mung mesem bombong, weruh kakang misane katururan angen-angenne pingin dadi TNI lewat pendidikan Perwira Karir (PK).

Khabar baline Prasaja, sing sakiki dadi tentara, langsung sumebar neng desane. Akeh sing ngertake, semana uga guru SD-ne, Bu Wartu dikancani murid-muride, “Mas Prasaja kenek kanggo conto awakmu kabeh,” ujare marang murid-muride sing padha melu ngertake tekane Prasaja. (Sastro Pemut)

Related Post

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *